Gunung Ceremai

Gunung Ceremai
Gunung Ceremai saking arah Cigugur, Kuningan
Titik dhuwur dhéwé
Èlevasi3078 m
Prominèn2,792 metres (9,160 ft)
Koordhinat6°32′S 108°14′E / 6.53°S 108.24°E / -6.53; 108.24
Géografi
LocationJawa Barat, Indonésia

Gunung Ceremai utawi wonten ingkang nyebat "Ciremai" inggih salah satunggaling gunung ingkang dumunung ing Indonésia. Miterat cathetan administratifipun, gunung Ceremai kalebet ing wewengkon tigang kabupatèn, inggih punika Kabupatèn Cirebon, Kabupatèn Kuningan lan Kabupatèn Majalengka, Provinsi Jawa Barat. Cathetan geografisipun inggih pucukipun dumunung ing 6° 53' 30" LS lan 108° 24' 00" BT. Dhuwuripun Gunung Ceremai inggih kirang langkung 3.078 m saking nginggiling toya laut.[1] Gunung Ceremai inggih kalebet gunung paling inggil ingkang wonten ing Jawa Barat.

Gunung Ceremai gadhah kawah kalih, ingkang mapan wonten ing sisih kulon lan wétan. Kawah ing sisih kilèn radiusipun 400 m kapedhot kaliyan kawah ing sisih wétan kanthi radius 600 m. Ing pinggih pèrèng sisih kidul ing satunggaling titik ingkang dhuwuripun 2.900 m dpl wonten tilas gunung njeblug kala rumyin ingkang dipunwastani Gowa Walet.

  1. [1] PETA KAWASAN GUNUNG CEREMAI (dipunundhuh tanggal 11 Januari 2013)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search